Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 5

MEMAYU HAYUNING BAWANA

MAS KUMITIR ♦ JULY 22, 2008 ♦ 6 COMMENTS

 
 
 
 
 
 
i
4 Votes

Luhuring kawruh babagan karahayon dumunung ana ing pangawikan pribadi,


samubarang kalir saliring bab sabarang reh mengku kaluhuran Gusti sinawung sekar
kesumastuti.

Pangawikan Pribadi Pambukaning Kaywanan

  Surya kembar ing madyaning ratri, tumanduking katresnan sanyata, lelabuhan


panuntune, rawuhe panunggal laku, pengadilan asmara wening, pinarcaya ing kodrat,
tumuli manekung, sinerat pustaka rasa, sing prayitna lamun harsa manjing budi,
memayu hayuningrat.

Tumurune pepakon kang jati, peparinge Kang Maha Kuwasa, minangka panunggal dzate,
panyerat karya hayu, rahayune manunggal kardi, pakaryaning Pangeran, aneng budi
luhur, panunggaling cipta rasa, miwah karsa panyerat pustaka iki, , mangestu hesti
tunggal

Lelabuhan  kang minangka  wangsit,  jumenenge  Sang  Saka  makarya, hanglabuhi sira
kabeh, marsudi budi hayu, kaluhuran sempurna jati, heninging wardayanya,
hambeging aluhur, kinarya labuh Negara, marma sigra sinerat pustaka iki, dadya
kawuningana

Kang  hamaca  layan  kang   marsudi,  ing  wanci  iki  uga  binuka,  kawruh  pangawikan 
dzate,  binuka telenging kalbu, pambukaning warana ghaib, kunci nanpa nugraha,
sempurnaning laku, memayu hayuning jagad, Nuswantara papan panunggaling ngilmi,
sempurnane ngagesang

Ana dene prasetyane Gusti, marang kabeh tumitah ing donya, sing pada gentur tapane,
tetep ngawula laku, nulad marang citraning Gusti, kang ana ing saben titah, dadi
srananipun, rahayu kang jinangka, kasembadan sasedyane hamungkasi, hayu nir
sambekala.
Rikalane  sumujud  nyawiji, jumujug  marang  ngarsa  Pangeran, Gusti  Kang  Maha
Agunge, lega lila sedarum, datan melik mring samukawis, sakabehing lelakon, sumarah
Hyang Agung, tumurune kanugrahan, hanulada pra priyagung duk ing uni, nulada laku
tama.

Utamane wong aurip iki, tuwa anom ageng alit samya, ngetingalna labetane, hayu
sesaminipun, ngesti rasa sempurneng jati, ngenut krenteging manah, suba sitanipun,
ing pundi dununge gesang, kang sempurna tumeka ing zaman akhir,tentrem ing
salaminya.

Salamine tansah mujosmedi, ing wardaya emut mring Pangeran, tan ginggang langgeng
anane, duh tumitah sedarum, gegandengan zaman puniki, yen harsa urip mulya,
labuhana iku, jumeneng pangawak teja, hanampani kanugrahane Sang Adil., wahyu
makuta rama.

Mardikengrat mustikeng panunggil, katetepan nugraheng Pangeran, prayitna ing


panampane, kiblat papat den ukur, lima pancer pusering budi, jembaring jagad raya,
bumi langit jumbuh, sanadyan durung priksa, sayekti apa pralampiteng Sang Adil ,
hambega paramarta.

0.  Tanda lamun kekasihing Gusti, nora mundur nadyan mung sejangkah, ngemban dawuh
panunggale, memayu hayu laku, hangayomi ciptane Gusti, Ingkang Maha Kuwasa, gawe
tentrem hayu, saisine jagad raya, nganggo dasar piwulang saka Sang Adil, pustaka
ngesti tunggal.

1.  Tunggal jati sempurneng dumadi, tunggal cipta paripurneng lampah, dumadiya
saciptane, sakarsane maujud, tentrem hayu sempurna jati, anane wus tumedak, kabeh
laku hayu, yen ginulang dadi srana, kabeh mau dadya tepa lan palupi , tumrap kang
pada priksa.

2.  Priksanana aneng jroning ati, talitinen sajrone wardaya, sagung pakaryan wulangreh,
papan dununge kawruh, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning panembah, lan
pakaryanipun, dadya nyarira manunggal, tumanduke makarya sarwa utami, hayu nir
sambe kala

3.  Kalanggengan kang pada den udi, lelabuhan mring sesame gesang, kasempurnan
dumadine, sabarang kang dinulu, kapyarsa lan ginanda yekti, rinasa jroning nala,
panggraita jumbuh, panca driya sung panunggal, kaluhuran katresnan Gusti
manunggil, lelangen jroning rasa.

4.  Rasa jati sempurneng aurip, kinaroban marang sihing Allah, kataman branta
wulangreh, hayu rahayu laku, pangawikan ingkang binangkit, ginugah mring Pangeran,
Gusti Maha Agung, tetela lamun sanyata, katetepan kasempurnaning dumadi, memayu
hayuningrat.

5.  Ratu Adil sapa kang wus uning, keparenge Gusti Kang Kuwasa, binuka kalbu weninge,
wruh saliring lelabuh, hanedakna katresnan jati, katresnan yekti bisa, gawe tentrem
hayu, duh kesuma jati srana, tampanana katresnan ingkang sejati, sajiwa lan saraga.

6.  Jiwa raga gumolong sesaji, hanetepi kuwajibanira, ngawula mring Pangerane, mengkoni
6.  Jiwa raga gumolong sesaji, hanetepi kuwajibanira, ngawula mring Pangerane, mengkoni
budi luhur, patembaya suwita Gusti, tumekeng pecat Suksma, netepi mring dawuh,
hanresnani Pangeran, hanetepi jejering panunggal kardi, tresna sapepadanya.

7.   Nyata  lamun  lelabuhan  suci, ingkang  bisa  gawe tentrem jagad, rahayu pra titah
kabeh, kang kadunungan ngelmu, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning
panembah, mring Gusti Maha Gung, kang mengkoni Jagad Raya, saisine kapurba wisesa
Aji, Purwa Madya Wasana.

8.  Wasanane wong aurip iki, dadi srana gumelaring kodrat, miturut laku jantrane, nadyan
sifating Wahyu, kasempurneng urip lan pati, iku amung sarana, murih tansah hayu,
kasinungan katentreman, iku wajib den persudi kanti becik, kinarya dadi srana,

9.  Saranane sembada ngugemi, marang dawuhe Kang Maha Kwasa, tentrem ing lahir
batine, kasinungan lelaku, guyub rukun netepi wajib, hambangun Nusa Bangsa, lan
Negarinipun, murih hayu kang jinangka, lelabuhan gawe tentrem jagad iki, hayu
rahayu ing rat

0. Rata waradin sajagad iki, kunci rahayu ingkang tinampa, lelabuhan panyerate, bawana
gung rahayu, urip tentrem salami lami, duh para kadang ingwang, ywa kongsi kalentu,
iki pepakon kang ana, den agema tumekaning zaman akhir, rahayu kang pinanggya.

y alang alang

Advertisements
POSTED IN: MEMAYU HAYUNING BAWANA
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG,
KAUTAMAN, KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR,
LAYANG., LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH,
MIJIL, MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT,
PITUTUR, PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA,
RENUNGAN, SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK,
TAFSIR, WAHYU, WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

6 Comments

1. Martin
SEPTEMBER 9, 2009 – 9:29 AM
wah matur nuwun sanget. sabab babagan punika hanggugah rasa lan cipta kawula
muda kados kula punika, ingkang mboten ngertos babagan kabudayan jawi. nuwun.

2. GB. Giyarso
JUNE 15, 2009 – 7:00 AM

Mas alangalangkumitir saya mohon ijin membaca, mengutip, mengambil sebagian


Mas alangalangkumitir saya mohon ijin membaca, mengutip, mengambil sebagian
isi dari artikel dalam blog panjenengan untuk menambah artikel dan pengetahuan
serta wawasan saya

3. Mas Kumitir
MAY 1, 2009 – 12:13 PM
Matur nuwun dumateng kadang kula Kakang Mas Keboireng,

Kula remen sangat bilih panjenenga sampun kersa


paring wewaler dumateng kawula dan sedulur2 sedaya
mugi-mugu sedaya wau saged damel pangeling2 kula
lan ugi tumrap bebrayan agung

Salam

4. Keboireng
APRIL 30, 2009 – 5:48 PM
Wewalering Kajenar lawan Ki Kebo Kenanga :
Hayuning Diri iku kawiwitan hayu ing Iradat
Hayuning Iradat iku uga hayuning Qodrat
Hayuning Qodrat iku uga hayuning hayat
Hayuning hayat iku uga hayuning ngilmu
Hayuning ngilmu iku hayuning Sama’
Hayuning sama’ iku uga hayuning bashar
Hayuning bashar iku uga hayuning kalam

Jumeneng Ing sajeroning malige


Hayuning Baqo
Hayuning Magsud
Hayuning Maujud

Kangsalajengipun tuminndak;
Hayuning Wahdah
Hayuning Wahdaniyah
Hayuning Ahad.

Kang sanyatanireki :
Hayuning Wujud
Hayuning Qidam
Hayuning Baqo

Kang jumeneng
Hayuning Qiyamuhu binafsihi.

5. Eko W
DECEMBER 2, 2008 – 6:29 AM
sip BaNget ,jaraNg KawuLo MuDo sing kerso nyinau BabaGaN sempurnanIng uRIp

Trackbacks
1. KENDALISADA » Blog Archive » Mamayu Hayuning Bawana

You might also like