Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

“Bule, Balikno Batikku”

Babak 1

Sore isih ketok, nambah kaendahan taman ing pesisir iki. Cah wadon separo bule lagi nggae batik. Jenenge
Nurlele. Ora suwi, teko cah rodok Cino, jenenge Pha Nchi Tan. Ketoke wong iki seneng karo batik gawean Nurlele
lan pengen pesen batike.
PhaNchi : “Haiya, apikmen batikmu, ma. Oa gawekno, yo. Jeneng oa Pha Nchi Tan.” (njabat
tangane Nurlele)
Nurlele : “Aku Nurlele, mbak Pha Nchi. Anu, aku jane gelem wae nggawekne batik. Nanging gak saiki.”
(karo mesem)
PhaNchi : “Haiya, gak popo gak popo. Seng kalem karo aku, ma. Iku bando lan syale apik. Batik kembang-
kembang, ta?” (karo nunjuk sirahe Nurlele)
Nurlele : “Iyo.”

Babak 2
Nalika Nurlele lan Pha Nchi Tan omong omongan, Kasiaton lan Jamile ora sengaja liwat kono. Banjur Kasiaton
lan Jamile ngampiri Nurlele.
Kasiaton : “Hoi Nurlele. Koe lagi nyapo?”
Nurlele : “Lagi mangan ton, jelas jelas lagi mbathik sek mbok takokne.” (Nurlele nyauri karo pegel)
Kasiaton : “He he iyo ya sepurane aku mok guyon. Lele sopo mbak kui kok wajahe Cino? Kancamu ta?”
Nurlele : “Hmmm.... Iyo dheweke kancaku jenenge Pha Nchi Tan”
Kasiaton : “Kenalne mbak jenengku Kasiaton” (Karo njabat tangane Pha Nchi Tan)
Jamile : “Lho lho lho aku dikacangi. Mangsane aku ra pegel, yo pegel. Kenalno mbak jenengku Jamile cah
paling ayu neng deso iki.” (Karo njabat tangane Pha Nchi Tan)
Pha Nchi : “Haiya iyo salam kenal.”
Kasiaton : “Jamile weke omong opo, katimbang lehmu omong tekan ngendi-endi, ayo mulih.”
Jamile : “Yo yo sing swante to ton Kasiaton.”
Kasiaton : “Yo wes ayo mulih(Narik tangane Jamile). Nurlele aku karo Jamile pamit muleh disek ya.”
Nurlele : “Yo yo ati – ati.”
Jamile : “Bye bye Nurlele, mbak Pha Nchi.” (Dada marang Nurlele lan Pha Nchi)
Sakwise kuwi Kasiaton lan Jamile muleh menyang omahe dewe dewe.

BABAK 3
Banjur ngono ono wong lanang rupane setengah ganteng nyedaki, jenenge yaiku Joko Wipupu. O, yo. Joko wipupu
iku bolot.
Joko : “Assalamualaikum mbak, dewean wae?”
PhaNchi : (Bingung) “Haiya, wa’alaikumsalam. Kowe sopo, ha? Wes ruh aku karo mbak iki isih takok.” (karo
nunjuk Nurlele)
Joko : “Uduk. Aku duduk Ohang. Aku Joko, Joko Wipupu. Mbak sopo?”
Nurlele : (ndehem banter jan) “Hak’akhem hem hem”
Joko : “Nyapo, Nurlele? Keselak gajah? Ki lho,ngombe parameg” (ngekekne obat parameg)
Nurlele : (njukuk karo kesel)
Joko : “Sopo jenenge, mbak? Kok meneng?”
PhaNchi : (mangap) “Aku? Jenengku Pha Nchi Tan, ma.”
Joko : (ngomong alon) “Rupane uayu. Tapi jenenge? Mbok panci coy. Rasisan dandang??”
PhaNchi : “Heh boloooot. Aku krungu!”
Joko : (Ngomong sok bijak) “Wes, mbak. Gak usah wedi. Neng kene gak ono jenglot. Ana mas Joko neng
kene. Iki kanggo mbak (ngekekne coklat)”

Babak 4
Cah loro kui delok-delokan. Nurlele cemburu. Amarga Joko Wipupu iku mantan pacare mbiyen. Pas cah loro kui
sek delok-delokan, ana wong aneh. Rupane melas. Nggowo gitar sing ora ana selempange. Jenengé Iman Soliman.
Iman : “Ehem. Nuwun sewu mbak, mas. Jenengku Iman Soliman. Bocah dalanan sing nduwe impian.
Gelem berkorban nanging sering dicampakne. Aku arep nyanyi lagune Bondan. Mugo-mugo seneng lan kek ono aku
duwit, yo.”
Joko : (Ngendekne Iman) “Heh.. heh.. heh. Ojo lagu iku, mblo. Seng judule ‘Ya Sudahlah’ wae. Ayo,
ngko takbayar.”
Pha Nchi : “Haiya, wes to. Ora usah dirungokne. Wonge iku bolot. Sok arep nyanyi.”
Nurlele : “Yo, Man. Ayo nyanyi wae.” (Karo mbengok)
Iman : “Sek, mbak, mas.” (ngadah netangan) “Aku kliru opo, ya Tuhan????? Kliru opoo?? Iman kesel karo
urip iki, keseeel.” (melankolis nanging lebay)

Babak 5
Padha ora ruh nek Iman Soliman ngroso mangkel banget. Nanging, sak detik bar iku, Iman lagek ileng nek cah
wedok maujud ayu sing logat-cina'an nate kenal. Kanca dolan mbiyen. Iman kaget lan Pa Nchi kaget.
Iman : (ndelok Joko lan PhaNchi) “Loh? Loh? Loh?” (tangan telunjuke koyok mbaleni sing diomongne)
Joko, PhaNchi : (Masang rai datar)
Iman : “Mbak Panci, to? Iyo, to? Lha yo, no. Aku Iman, mbak. Iman sing 17 tahun mbiyen dadi konco
mulan sempet ngekeki roso tresno kanggo koe.” (karo ngibasne rambut)
PhaNchi : (spontan mbalekne coklate neng Joko) “Oh, Iman!”
Nurlele : (nyanyi nggo maksut nyindir Joko) “Ancur-ancurancur atiku. Atiku ancur..”
Ndelok prilaku Pha Nchi karo Nurlela sing nyanyi lagu Ancur atiku, Joko maleh kesel. Wonge nesu. Atine iki
kobong. Yo, wonge cemburu lan mutusaké ngaleh.
Babak 6
Sakdurunge Joko ngaleh, ujuk ujuk teka bule duwur, kelakuane aneh, mlaku setengah pincang karo nggawa kain
putih lan mbengok takon menawa ana wong sing bisa nggawe batik. Jenenge Pernandes Silitonga. Nanging, gak
ono sing ngrungokne kajaba Nurlele.

Silitonga : (ngampiri karo mlaku pincang lan mbengok) “WOY !! Siji loro bar kui pitulas, Aku bule papan
atas. My name is Pernandes Silitonga. Teko adoh soko ujung kulon mok nggolek batik. Now, koe koe koe koe iso
nggawekne aku batik, gak? ”
Kabeh paraga kajaba Nurlele ngomong “ORA”
Nurlele : “Aku iso, mister.” (nunduk)
Silitonga : “Weheheheh, gak sio-sio aku mrene. Tibakno batik iku soko Indonesia, uduk soko Malaysia.”
Nurlele : “Lha yo, no”
Nalika Silitonga arep takok Nurlele, Kasiaton lan Jamile teka. Cah loro kui padha penasaran. Lan nalika ndelok Si
Bule, Kasiaton lan Jamile mulai lebay.
Kasiaton : “Hey hey. Ana opo iki kok sepi buanget?” (karo gaya lebayne)
Jamile : “Jamile yo teko. Sepurane nek telat, yo.”
Kasiaton : “Heh, ono bule neng kene!” (karo nunjuk bule)
Iman : “Menengo, opo tak tempeleng?” (nada datar)
PhaNchi : (Meh nampar pipi Iman lan gak sido) “Haiya, oek lali a oek gak oleh tampar- tampar wong maneh a,
ojo kasar-kasar Iman.”
Iman : “Iya, Panciku” (mesem)
Jamile : (mbentak) “Hey! Iki tenanan!”
PhaNchi : “Oek duarius a!”
Kasiaton : “Duarius? hah? Oke, abaikan wae! (ngampiri Nurlele) Lele, ana opo, sih? Kok enek bule nneh
kene? Kesesat to?”
Nurlele : “Anu, Ton. Iki si mister njaluk digawekne batik.” (karo nunjuk bule)
Jamile : “Duh Gusti… bule iki njaluk digawekne batik? Tumben bule adoh adoh teko mrene njaluk
digawekne batik. Tapi bule iki kok Duwur, unyu.” (ngampiri bule)
Kasiaton : “Heh? Unyu? Aku gak salah krungu?”
Iman : “Amit-amit jabang bayi.”
Joko : “Ya Tuhan Jamile! We minus piro? Kok gelem karo bule siluman iku?”
Iman : “Lah!!!!!!! Tos dulu bro.”
Joko : (Tos karo Iman) “Heh Kuman ! Ngapain sampeyan! Ojo nyedek aku.”
Jamile : (sinis) “Ih berisik deh. Tokne wae. Mending karo mister iki ketimbang karo abang pupu. Bolot sih !
Yo gak, mister?”
Kasiaton : (narik lengan Jamile) “Ojo cedek-cedek! Mister mister, aku iso lho nggawe batik. Ki, deloken rokku
wes batik. Rupaku barang.”
Silitonga : “Kalem Girls. Silitonga ogak pandang bulu sopo seng gae batik. Silitonga mok pengen batik, mboh
iku batik pring, opolah jenenge. Kabeh batik, is good. I love you too , I love you too.”
PhaNchi : (mbentak) “We jane nyapo, sih?”
Nurlele : “STOP ! Iki kok lanange gak enek sing waras? Aton barang. Ayo rene wecah loro.” (mbentak
Jamile lan Kasiaton)
Kasiaton&Jamile : (rai melas)
PhaNchi : “Oke Mister Silitonga, saiki karepmu apa a?”
Silitonga : “Aku pengen you you ngekeki aku barang sing kok nggo iku. Pokoke ono batike. Pokoke opo
carane aku kudu entok batik. Jane opo sih sakrale batik iku? Kok ngasi nggarai ribet dewe?” (mlaku mondar-mandir
karo sikile setengah pincang)
Iman : “Heh Bule kamfret! Iki batik dadi simbol bangsaku.” (suarane lantang, banter, lan tegas)
Jamile : “Kabudayaanku!” (karo ngepalne tangan)
Kasiaton : “Corekan lan lengkungane bakal terus dadi keindahan neng sanubariku!” (nepok dadane)
PhaNchi : “Slalu milike Indonesiaku a!”
Nurlele : “Martabatku!”
Joko : “Pokok’e Mak Nyus!”
Kabeh ndelok Joko
Silitonga : “Wah wah wah. Kuper banget sampeyan.Mesti cah iki krungune martabak. Kuper
banget sampeyan.Yowes nek iku karepmu. Aku tak ngaleh. Neng kene soyo sui soyo panas.” (karo cekatan langsung
njupuk kain-kain batik gaweane Nurlele sing isek dipeme neng kursi-kursi) “Matur nuwun boloku sing kuper. Salam
Mars Perindo”(mlayu ninggalne wong-wong dengan gaya diperlambat)
KABEH KAGET
Jamile : “WOII!”
Kasiaton : “OJO!”
PhaNchi : “STOP!”
Iman : “MISTER!”
Nurlele : (mbengok) “BULEEEE, BALIKNO BATIKUUUUUUUUUUUU!!!”
Joko : “ATI-ATI MISTER. WA’ALAIKUMUSSALAM WARAHMATULLAHI WABARAKATU.”
Kabeh : “JOKOOOO BOLOOOTT!!!!”
Akhire, Mister Pernandes Silitonga sukses nyolong “Pakurmatan” bangsa Indonesia, yoiku Batik gaweane Nurlele.

You might also like